NERIMA ING PANDUM

“Nerima kuwi ora “ngaya” ananging dudu kurang upaya. Wong “nerima” tetep mbudi daya supaya kekarepane kasembadan. Dudu dadi wong sing ora tau mbudi daya. Yen tanpo mbudi daya babar pisan, jenenge dudu “nrima” meneh nanging kesed. Wong kesed mung gelem enake wae ora gelem kerja abot, “gelem ngemplok suthik tombok” utawa gelem” mangan nanging ora gelem ragat “ Yen kaya iki yaiku wong sing ora duwe isin dan wajib di singkirke saka pasamuhan.

Ana meneh menthal “thenguk-thenguk nemu gethuk”. Ya pancen kadang kala ana wong sing gampang oleh samubarang sing tanpa kerja, nanging ora kabeh wong bisa. Utawa meneh nalika cilik seneng maca “Donal Bebek” dan seneng banget “Untung Bebek” sing ajek entuk apa wae tanpa kerja, kamangka Donal Bebek kerja tenanan wae tansah apes. Nalika si tukang males iki nyambut gawe banjur deweke krasa wis nyambut gawe abot nanging hasile ora kaya sing di karepake, deweke cepet sambat banjur kandha “gupak pulute ora mangan nangkane”. Luwih apik awake dewe nyontho Donal Bebek, kepiye wae deweke wis tansah mbudi daya.

Arang wong bisa ngetrapake rasa “nerima” saka apa sing wis di entuki. Umumme wong ora tau krasa cukup lan bakal golek tambahan. Nyatane sak wise tambah wong mau isih krasa kurang meneh. Nalika wis turah-turah deweke bakal mbudi daya supaya ora ana wong sing madani. Menungsa sing duweni ati sing kaya ngono kuwi mau sak benere mesakake. Urip tansah “ngaya”, tansah di oyak-oyak. Banjur kanggo ngoyak apa sing di karepke deweke bisa tumindak sing kudune ora di lakoni dan nyimpang saka bebener. Sak benere rasa “ora bakal nrima” marang asile kerja lan jejibahan sing di ayahi, waton ora “ngaya” mujudake pecut sing apik kanggo majune.

Wajib di catet menawa wong sing wis marem karo sing di gayuh durung mesti mlebu ewone nrima. Ada wong tukang becak rampung nggenjot mubeng-mubeng kota ngeterke turis bule diwenehi selembar duwit 20 ewu banjur mulig. Kamangka isih esuk. Ijih akeh wektune kangp jam kerjo adat sabene sing keguwak muspra.

Iki dudu nerima, nanging malah klebu ewone keset.

Untunge wong sing nduwehi ati “nerima” tansah ayem lan tentrem uripe, amerga kabeh tingkah-lakune tansah dilandesi keyakinan sing kandel saka ewone paringane Gusti. “Nerima” ora ateges ora marem karo apa sing ana nanging malah kosok balene wong “nerima” ora gelem meneng. Mung wae tumindake ora tau grusa-grusu, kemrungsung kaya wong “nggaya” kaya-kaya ora ngakoni anane “pandum” kanggo para menungsa.

Wong “nerima” ora tau ngresula saka apa sing wis di entuki, merga wis ana “pandum” saka Gusti Allah. Deweke ngrubah pisuhan kanti nyenengke ati kanti rejeki sing di tampa wis ana timbangane manur karo tumindake lan sing luwih apik lan dientuki saka tumindak ora bener.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Situs ini menggunakan Akismet untuk mengurangi spam. Pelajari bagaimana data komentar Anda diproses.